Apa ya sekar macapat iku?
Sekar macapat yaiku kelebu ing jenis puisi tradisional Jawa kang nduweni isi saka saperangan jinis sekar lan nduweni aturan ing saben larik, wanda, lan guru lagu ing saben pungkasane larik. Ing saben tembang nduweni filosofi kang beda-beda wiwit saka maskumambang nganti pocung nduweni makna kang runtut karo crita lahir nganti musnaning manungsa. Saben tembang macapat nduweni nilai moral, filosofi kauripan, lan uga nilai-nilai budaya kang kakandhut ing sajrone tembang macapat.