Nggayuh Kawicaksanan

Makna Tembang :

Tembang Gambuh kalebu tembang Macapat kang nggambarake tumindak kang cocok utawa sambung (nyambung). Gambuh asale saka tembung “jumbuh” utawa “gambuh” kang tegese cocok, gelem, kulina, utawa nyambung. Tembang iki lumrahe nggambarake tahap urip manungsa nalika wiwit dadi wong diwasa (lanang wadon) kang wis nemokake pasangane, utawa nggambarake pitutur babagan tata krama lan gayutan ing bebrayan, yaiku nyambungake kawruh lan tumindak becik.

Karya :“Nggayuh Kawicaksanan”


            Ing sawijining padhépokan, ana murid enom kang jenenge Wira. Wira iku wis diwasa nanging isih kerep bingung nggoleki dalan uripé. Dheweke banjur sowan marang gurune, Ki Sadewa, kang kondhang dadi wong wicaksana lan jembar kawruhe. Wira matur, “Dhuh, Ki Guru, kula rumaos kathah kawruh nanging kok tumindak kula asring mboten jumbuh kaliyan ilmu ingkang kula tampi. Kados pundi caranipun supados kawruh lan solah bawa kula saged nyambung?”
            Ki Sadewa mesem alon, banjur ngandika, “Ngèlmu iku dudu mung tumpukaning wacan, Wira. Kawruh kang sejati kudu gambuh lan nyambung karo lakumu saben dina. Kaping pisan, kudu diwiwiti saka ati kang jujur. Kanthi ati kang resik, gampang anggonmu nampa lan nglakoni piwulang kang becik. Aja nganti ngèlmu dadi apalan tanpa dhasar.”
“Kaping pindho,” Ki Sadewa nerusake, “kudu gelem kulina lan sambung karo wong liya, ora mung manut karepmu dhewe. Tumindakmu kudu cocog lan migunani kanggo bebrayan. Yen uripmu wis jumbuh karo aturané alam lan tata krama, mula kabecikan bakal nyambung lan teka marang uripmu.”Wira manthuk-manthuk, rumangsa entuk pepadhang. Dheweke nyimpen pitutur kuwi ing jero atine. Wiwit dina iku, Wira ora mung sregep sinau, nanging uga sregep ngetrapake ngelmu kasebut ing urip saben dina. Kawruh kang wis gambuh lan nyambung karo tumindake ndadekake Wira dadi wong kang luwih anteng, migunani, lan entuk kamulyan ing bebrayan.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *