Tembang macapat yaiku salah sijine materi kang ana ing basa jawa. tembang macapat duweni teges maca papat-papat. ing sajrone tembang macapat awujud syair kang ana nadane

watak dan wujud sekar

Maskumambang nduweni guru gatra 4, guru wilangan 12, 6, 8, 8, lan guru lagu i, a, i, a, a. maskumambang nduweni watak susah, sedhih, bungah, ngenes, lara Branta. Panganggone ngandharake suasana sedhih lah kelaran. Maskumambang yaiku jinis macapat kang nyritakake filosofi ngenani kandungan utawa bisa uga manungsa nalika ana ing kandutan ibu.

Tembang macapat mijil nduweni paugeran yaiku guru gatra 6, guru wilangan 10, 6,10,10,6,6 lan guru lagu i , o, e, i , i , u. tembang macapat mijil nyeritakake filosofi ngenani kelahiran kaya dene  kedadean nalika manungsa wis lahir saka kandutane ibu. Tembang macapat mijil nduweni watak haru bungah, nggumun/kagum panganggone ngandharake swasana kasih sayang lan haru seneng.

Tembang macapat sinom nduweni paugeran tembang guru gatra 9, guru wilangan 8,8,8,8,7,8,7,8,12 lan nduweni guru lagu a , i, a, i, i, u, a, i, a. Tembang macapat sinom nyritakake filosofi kang ngancik wayah nom-noman kaya dene kedadeyan manungsa nalika wis ngancik wayah remaja. Tembang macapat sinom nduweni watak seneng, bungah, narik kawigaten. Panganggone swasana lincah lan akeh polah.  

Tembang macapat kinanthi nduweni struktur paugeran guru gatra 6, guru wilangan 8,8,8,8,8,8, lan guru lagu u,i,a,i,a,i. Tembang macapat kinanthi yaiku nritakake filosofi ngenani nasehat, ing kene nduweni teges kaya manungsa kang wis ngancik ing fase nom/remaja kudu tetep dibimbing supaya uripe terarah lan ora salah dalan. Tembang macapat kinanthi nduweni watak seneng lan mesra panganggone menehi wejangan kanggo kasih sayang

Tembang macapat asmarandana nduweni paugeran tembang guru gatra 7, guru wilangan 8,8,8,8,7,8,8, lan guru lagu a,i,e,a,a,u,a. Tembang macapat asmarandana nyritakake filosofi ngenani kasmaran/asmara. Ing tuladhane ana ing kedadean nalika manungsa sinoman wis ngancik ing katresnan utawa wes main ati. Tembang macapat asmarandana nduweni watak kang sedhih, kangen, mesra. Panganggone ing suasana sedhih, nyatakake rasa tresna, lan kanggo ngutarakake kangen

Tembang macapat gambuh nyritakake filosofi kecocokan lan kebersamaan utawa kedadean manungsa kang wes ngancik ing krama utawa nikah. Tembang macapat gambuh nduweni paugeran guru gatra 5, guru wilangan 7,10,12,8,8, lan guru lagu u,u,i,u,o. tembang macapat gambuh nduweni watak kang wajar, genah, mesthi. Panganggone ngandharake kabeh kang ana kaitane karo kekeluargaan lan kepastian

Tembang macapat Dhandhanggula nyritakake ngenani filosofi ngenani pangarep-arep utawa cita-cita nglakoni panguripan kang bahagia lan sejahtera tuladhane kaya nggambarake panguripan kang wes mapan lan kepenak. Tembang Dhandhanggula nduweni paugeran guru gatra 10, guru wilangan 10, 10, 8, 7 ,9 ,7,6 ,8, 12, 7. Tembang macapat Dhandhanggula nduweni watak arupa manis, ghenes nenes, mempesona. Panganggone nggambarake segala swasana.

Tembang macapat durma nyitakake ngenani filosofi kang nggambarake manungsa kang mulai keras kaku lan gampang nesu, tembang macapat durma iki nduweni paugeran guru gatra 7, guru wilangan 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7. Lan guru lagu a,i,a,a,i,a,i. Tembang macapat durma nduweni watak kang semangat, kaku, angkuh lan galak. panganggone ngungkapake rasa nesu mangkel lan jengkel.

Tembang macapat pangkur yaiku nyritakake ngenani filosofi nyedhekake diri marang pengeran, tuladhane yaiku ana ing manungsa kang wis ngancik mangsa tuwa lan mung eling marang pangeran wae, uripe ora butuh apa-apa lan butuhe mung ndandani dhiri. Ing tembang macapat ana paugeran panulisane yaiku guru gatra ana 7, guru wilangan ana 8,11,8,7,12,8,8, lan guru lagu ana a,i,u,a,u,a,i. Ing tembang macapat pangkur nduweni watak kang gagah perwirah, gairah dhuwur, bijaksana. Panganggone menehi wejangan kang semangat lan gropak, suasana keras.

Tembang macapat megatruh nyritakake ngenani filosofi kepaten, tuladhane ana ing kedadean manungsa kang wis sedas lan ninggalake urusan duniawi. Ing tembang macapat megatruh nduweni guru gatra 5, guru wilangan 12, 8,8,8,, lan guru lagu u,i,u,i,o. Tembang macapat megatruh nduweni watak kang susah, sedhih, sara, kuciwa. Panganggone swasana sedhih pilu lan sara

Tembang macapat pucung nduweni arti filosofi pocong utawa manungsa kang wis mlebu ing alam baka lan wis pasrah ing tujuan akhirat. Tembang macapat pucung nduweni guru gatra 4, guru wilangan 12,6,8,12, lan guru lagu u,a,i,a. Tembang macapat pucung nduweni watak kang santai lan penak. Panganggone ngandharake swasana santai tanpa tuntutan